YouVersion Logo
Search Icon

MIKHA 1

1
Bebuka
1:1
1 # 2Ra 15:32–16:20, 18:1–20:21; 2Bb 27:1–32:33 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem.
Pawarta bab paukumane Samaria
1:2-7
2He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna!
He, bumi dalah isine, padha nitenana,
Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh,
iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci.
3Dene lah Pangeran Yehuwah miyos saka ing padalemane,
lan tumedhak ana ing gunung-gununging bumi.
4Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyane
lan lebak-lebak padha bengkah
kaya malam cedhak geni,
kaya banyu nggrojog ana ing udhun-udhunan.
5Iku kabeh kelakon marga saka panerake Yakub,
lan saka dosane turune Israel.
Apa ta panerake Yakub iku?
Iku rak Samaria?
Dosane turune Yehuda iku apa ta?
Iku rak Yerusalem?
6Mulane Samaria bakal Sundadekake jugrugan ana ing ara-ara,
dadi pakebonan anggur,
watu-watune bakal Sunbuwangi ing lebak
lan dhasar-dhasare bakal Suneler.
7Reca-recane bakal padha diremuk
lan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong,
lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake;
awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang,
mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.
Sang Nabi ngadhuh-adhuh marga saka kaanane Yehuda lan Yerusalem
1:8-16
8Awit saka kang mangkono iku aku arep sesambat lan ngadhuh-adhuh,
arep lumaku tanpa trumpah lan wuda,
pangadhuhku bakal kaya pangadhuhe asu alas,
sarta pasambatku kaya pasambate manuk unta.
9Sabab tatune Samaria ora bisa mari,
wus mremen nganti tekan ing Yehuda,
malah tekan ing gapurane bangsaku,
iya ing Yerusalem.
10Aja kokwartakake menyang ing Gat,
aja nangis babar pisan,
kowe nglosoda ana ing lebu ing Bet-Le-Afra.
11He wong isine Safir, enggal mangkata,
kalawan wuda lan kawirangan.
Wong isine Zaanan
ora wani metu.
Pangadhuhe Bet-Haezel ngalang-alangi angonmu
tetep ana ing kono.
12Wong isine Marot kalawan mangu-mangu
ngarep-arep marang kabecikan,
marga ana bilai tumurun saka Pangeran Yehuwah
tekan ing gapurane Yerusalem.
13He wong isine Lakhis,
kretanira rakitana jaran teji.
Iki kang dadi wiwitaning dosa
tumrap putri ing Sion
amarga sira kanggonan
durakane Israel.
14Mulane becik sira menehana ganjaran pepisahan
marang Moresyet-Gat,
omah-omah ing Akhzib
bakal dadi kaculikan tumrap para raja ing Israel.
15He wong isine Maresya,
Ingsun isih bakal nekakake juru nelukake marang sira,
kamulyane Israel
bakal nganti tekan ing Adulam.
16Cukura lan gundhula,
marga saka anak-anakira kang padha sira tresnani!
Gundhul dikaya manuk garudha,
marga anak-anakira iku bakal padha kaparakake
menyang ing pambuwangan.

Currently Selected:

MIKHA 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy