YouVersion Logo
Search Icon

MATEUS 6

6
TUTUGE PIWULANG ANA ING GUNUNG
Bab dedana
6:1-4
1 # Mt 23:5 “Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga. 2Mulane yen kowe dedana, aja kokjuwarakake kaya adate para wong lamis ana ing papan-papan pangibadah lan ing lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku wus padha tampa pituwase. 3Nanging manawa kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti sumurup apa kang ditindakake tanganmu tengen. 4Dadi anggonmu dedana iku aja nganti katon; Ramamu kang nguningani tindakmu kang ora katon iku, bakal paring piwales marang kowe.”
Bab ndedonga
6:5-15
Lk 11:2-4
5 # Lk 18:10-14 “Dene manawa kowe padha ndedonga, aja kaya para wong lamis, amarga iku padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking lurung, pamurihe supaya katona ing wong. Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus padha tampa pituwase. 6Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.
7Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir, awit iku padha nduweni pangira, yen marga saka akehing tembunge, pandongane bakal kabul. 8Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake, sadurunge kowe matur. 9Marga saka iku ndedongaa mangkene:
Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,
Asma Paduka mugi kasucekaken.
10Kraton Paduka mugi rawuh.
Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi
kadosdene wonten ing swarga.
11Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika.
12Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.
13Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]
14 # Mk 11:25 Sabab, manawa kowe padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowe. 15Nanging manawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu.”
Bab pasa
6:16-18
16“Anadene manawa kowe padha pasa, ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong lamis, awit iku padha nyengungusake ulate, supaya wong-wong padha weruh yen lagi pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku wus padha tampa pituwase. 17Nanging kowe manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa, 18supaya anggonmu pasa aja katara marang wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”
Bab nglumpukake bandha lan bab diyaning badan
6:19-23
19 # Lk 12:33-34 # Yb 5:2-3 “Aja padha nglumpukake bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong. 20Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan taiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong. 21Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ana ing kono dununge atimu.
22 # Lk 11:34-36 Diyaning badan iku mripat; manawa mripatmu waras, badanmu sakojur kapadhangan. 23Nanging manawa mripatmu cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi peteng, saiba ta petenge iku.”
Bab ngrangkep pangawulan lan bab sumelang
6:24-34
Lk 12:22-31
24“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
25Mulane Aku pitutur marang kowe: Aja padha sumelang ing bab uripmu, bab apa kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan bab badanmu, apa kang bakal kokanggo. Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan ajine badan ngungkuli sandhangan? 26Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku? 27Sapa ta panunggalanmu kang bisa nyambungi umure saasta bae marga saka sumelang? 28Mangkono maneh yagene kowe padha sumelang bab sandhang-panganggo? Padha nyawanga kembang bakung ing ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo nyambut-gawe lan ngantih. 29#1Ra 10:4-7; 2Bb 9:3-6Ewadene Aku pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane ora madhani salah sawijining kembang iku. 30Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni nganti kaya mangkono dening Allah, saya maneh kowe, heh, wong kang cupet ing pangandel! 31Awit saka iku aja padha sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan apa? Utawa: Kang padha dakombe apa? Lan maneh: Kang padha daksandhang apa? 32Awit iku kabeh diupaya dening para wong kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh dadi kabutuhanmu. 33Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe. 34Mulane aja padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe. Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”

Currently Selected:

MATEUS 6: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy