1
Sang Sabda kang manjalma
1:1-18
1Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. 2Wiwitane Panjenengane iku nunggil karo Gusti Allah. 3Samubarang kabeh dumadine dening Sang Sabda, lan samubarang kang dumadi ora ana sawiji-wijia kang ora didadekake dening Sang Sabda. 4Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa. 5Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku. 6Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan. 7Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya. 8Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Pedhang. 9Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.
10Panjenengane wus ana ing jagad, dhasar jagad iku dumadine iya dening Panjenengane, nanging jagad iku ora wanuh marang Panjenengane. 11Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani. 12Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane, 13kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.
14Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten. 15Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.” 16Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu. 17Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.
18Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone#1:18 Pangandika punika mratelakaken rapeting sesambetanipun Sang Rama kaliyan Sang Putra. Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane. #Mt 3:1Mk 1:4Lk 3:1-2
Paseksene Nabi Yokanan Pambaptis
1:19-28
Mt 3:1-12 Mk 1:1-8 Lk 3:3-6, 15-17
19Iki paseksene Nabi Yokanan nalika wong Yahudi saka ing Yerusalem kongkonan para imam lan para wong Lewi, dikon matur pitakon: “Panjenengan punika sinten?” 20Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: “Aku iki dudu Sang Kristus.” 21Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.” 22Ing kono ature kongkonan: “Panjenengan punika sinten, supados kula sami saged mratelakaken dhateng ingkang kengkenan kula. Pengaken panjenengan tumrap sarira panjenengan kadospundi?” 23Pangandikane Nabi Yokanan: “Aku iki swarane wong kang nguwuh-uwuh ana ing pasamunan: Padha ngencengna margi ambah-ambahane Pangeran! Kaya kang wus dipangandikakake dening Nabi Yesaya.”
24Mungguh ing antarane para kongkonan mau ana wonge Farisi sawatara. 25Iku banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?” 26Nabi Yokanan mangsuli, pangandikane: “Aku iki anggonku mbaptis nganggo banyu, nanging wus ana kang jumeneng ing tengahmu, kowe padha ora weruh, 27iya iku kang rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut.”
28Mungguh kelakone iku mau ana ing Betania, ing sabrange bengawan Yarden, panggonane Nabi Yokanan mbaptis. #PT 18:1518Ml 4:5 #Ye 40:3
Nabi Yokanan nedahake Gusti Yesus
1:29-34
29Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad. 30Iya Panjenengane iku kang dakkarepake nalika aku kandha mangkene: Ana priya rawuh nungka aku, kang wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku. 31Ing maune aku iya ora wanuh marang Panjenengane, nanging supaya Panjenengane kalairna marang Banisrael, mulane tekaku nganggo mbaptis ing banyu.”
32Lan maneh paseksene Nabi Yokanan mangkene: “Aku wus ndeleng Roh tumedhak saka ing swarga kaya manuk dara, dedalem ing sarirane. 33Maune aku iya ora wanuh karo Panjenengane, nanging kang ngutus aku mbaptisi ing banyu, wus ngandika marang aku: Manawa sira weruh Roh iku nedhaki sawijining wong lan dedalem ing sarirane Wong mau, iya iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci. 34Anadene aku wus ndeleng lan nekseni yen iku Putraning Allah.”
Sakabate Gusti Yesus kang kawitan
1:35-51
35Esuke Nabi Yokanan jumeneng ana ing papan kono maneh, karo sakabate loro. 36Nalika padha weruh Gusti Yesus langkung, Nabi Yokanan ngandika: “Lah iku Cempening Allah!” 37Sakabate loro mau padha krungu anggone Nabi Yokanan ngandika mangkono iku, banjur ndherekake tindake Gusti Yesus. 38Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?” 39Pangandikane Gussti Yesus: “Ayo, kowe bakal padha weruh!” Tumuli padha mara lan weruh marang pakendelane, sarta ing dina iku banjur padha tetunggalan karo Panjenengane, dene mungguh wayahe iku watara jan papat. 40Dene sakabat loro kang wus krungu pangandikane Nabi Yokanan banjur ndherekake Gusti Yesus iku, kang siji yaiku Andreas, sadulure Simon Petrus. 41Dhisike Andreas ketemu karo Simon, sadulure, banjur dikandhani: “Aku wus padha ketemu karo Sang Mesih (tegese: Kristus).” 42Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus#1:42 Nama Kefas ing basa Aram utawi Petrus ing basa Yunani punika ateges (tiyang) parang.
43Esuke maneh Gusti Yesus karsa tindak menyang ing tanah Galilea. Panjenengane pinanggih karo Filipus, banjur ngandika: “Melua Aku!” 44Filipus mau wong saka ing Betsaida, kuthane Andreas lan Petrus. 45Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.” 46Pangucape Natanael: “Saka Nasaret apa ana barang kang becik?” 47Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.” 48Natanael banjur munjuk: “Paduka nguningani kawula saking pundi?” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sadurunge kowe diajak dening Filipus, Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir.” 49Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.” 50Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Olehmu pracaya iku apa awit anggon-Ku pitutur ing kowe: Aku weruh kowe ana ing sangisore wit anjir? Kowe bakal weruh lelakon-lelakon kang luwih elok katimbang karo iku.” 51Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “Satemene pitutur-Ku ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.” #Pd 28:12
Loading reference in secondary version...