YouVersion Logo
Search Icon

IBRANI 1

1
Gusti Allah ngandika lumantar Kang Putra
1:1-4
1Sawise nalika jaman biyen Gusti Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap warna-warna lumantar para nabi, 2ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar. 3Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur; 4kaluhurane banget anggone ngungkuli para malaekat, padha kaya pinunjuling asma kang wus kaparingake marang Panjenengane kang uga banget anggone ngungkuli endahing jenenge para malaekat mau.
Kaluhurane Sang Putra ngungkuli para malaekat
1:5-14
5 # 2Sa 7:14; 1Bb 17:13; Ms 2:7 Sapa ta panunggalane para malaekat kang tau dipangandikani mangkene:
“Sira iku PutraningSun!
Sira wus Sunputrakake ing dina iki?”
sarta
“Ingsun bakal dadi Ramane,
lan Panjenengane bakal dadi PutraningSun?”
6 # Ms 97:7 Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika:
“Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”
7 # Ms 104:4 Dene tumrap para malaekat Panjenengane ngandika:
“Kang ndadekake para malaekate dadi angin
sarta para abdine dadi geni kang ngalad-alad.”
8 # Ms 45:7-8 Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika:
“Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”
9“Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka,
pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.”
10 # Ms 102:25-27 Lan maneh:
“Dhuh Pangeran, wiwitanipun Paduka ingkang nalesi bumi,
saha langit punika yasanipun asta Paduka.
11Sadaya punika badhe sirna, nanging Paduka tetep langgeng
sarta sadaya punika badhe sami luwas kados pangangge;
12saha badhe Paduka gulung kados jubah,
saha sami badhe kasantunan kados pangangge,
nanging Paduka punika lestantun sami,
saha taun Paduka badhe tanpa wates.”
13 # Ms 110:1 Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhi mangkene:
“Lungguha ana ing tengeningSun,
nganti mungsuh-mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira?”
14Kabeh iku apa ora padha dadi roh kang ngladeni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?

Currently Selected:

IBRANI 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy