YouVersion Logo
Search Icon

1 TESALONIKA 1

1
Salam
1:1
1Saka Paulus, Silwanus#1:1 Ugi nama Silas, kula aturi maos PR 15. lan Timoteus marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yesus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh. #PR 17:1
Wohing pakaryane Rasul Paulus
1:2-10
2Aku tansah padha saos sokur marang Gusti Allah marga saka kowe kabeh kalawan ngelingi kowe ana ing sajroning pandongaku. 3Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita. 4Sarta aku padha sumurup, he para sadulur kang kinasihan ing Allah, yen Panjenengane wus milih marang kowe kabeh. 5Awit Injil kang kita wartakake iku, ora mung kalantarake marang kowe kabeh kalawan tembung thok, nanging uga kalawan daya kakuwatan lan ana ing Sang Roh Suci sarta kalawan katamtuan sakatoge, kaya kang wus padha koksumurupi, kapriye anggonku padha tumindak ing gawe ana ing antaramu marga saka kowe. 6#PR 17:5-9Lan kowe wis padha dadi panganutku kabeh sarta panganute Gusti; sajrone nandhang sangsara kang abot anggonmu padha nampani pangandika kalawan kabungahan kang saka ing Sang Roh Suci, 7satemah kowe padha dadi tetuladhan tumrap kabeh wong pracaya ing tanah Makedhonia#1:7 tanah Yunani Ler, kitha Filipi saha Tesalonika ugi wonten ing tanah ngriku. lan ing tanah Akhaya#1:17 tanah Yunani kidul kitha Korinta punika ugi wonten ing ngriku. 8Amarga ngumandhanging pangandikane Gusti saka ing antaramu ora mung ana ing tanah Makedhonia lan Akhaya bae, nanging ana ing ngendi-endi wus misuwur pracayamu marang Gusti Allah, mulane aku kabeh wis ora usah ngandhakake bab iku. 9Sabab wong-wong wis padha nyritakake dhewe mungguh ing ngatase aku sakanca kapriye anggonmu padha nampani aku kabeh sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati, 10apadene nganti-anti rawuhe Kang Putra saka ing swarga, kang wus diwungokake saka ing antarane wong mati, yaiku Gusti Yesus, kan ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal teka.

Currently Selected:

1 TESALONIKA 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy