YouVersion Logo
Search Icon

NAHUM 1

1
Bebuka
1:1
1 # Ye 10:5, 14:24-25; Zf 2:13 Wangsit tumrap Niniwe. Kitab bab wahyune Nabi Nahum, wong Elkosy.
Bebendune Pangeran Yehuwah
1:2-8
2Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales,
Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad,
Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune,
sarta terus bae dukane marang para mengsahe.
3Pangeran Yehuwah iku gedhe sabare lan pinunjul pangwaose,
nanging ora pisan-pisan wong kang salah linuputake saka ing paukuman.
Panjenengane tindak ana ing sajroning lesus lan prahara,
sarta mendhung iku lebuning sampeyane.
4Sagara didukani temah dadi asat,
lan sakehe kali padha kadadekake garing,
Basyan lan Karmel padha dadi nglayung
tetuwuhan ing Libanon padha alum.
5Gunung-gunung padha gumeter ana ing ngarsane,
lan tengger-tengger padha leleh.
Bumi dadi sepi mamring ana ing ngarsane
dalah jagad lan kang padha ngenggoni kabeh.
6Sapa kang kuwat nadhahi bebendune?
Sarta sapa kang bisa tetep ngadeg jejeg samangsa mulad-mulad bebendune?
Bramatyane kaesokake kaya geni,
tuwin gunung parang nganti padha jugrug.
7Pangeran Yehuwah iku asih-darma,
dadi papan pangungsen ing dina karubedan;
Panjenengane uninga marang para wong kang ngungsi marang Panjenengane
8sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe.
Nanging numpes nganti tapis
wong kang padha nglawan Panjenengane,
tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.
Pangandikane Sang Yehuwah marang Yehuda lan marang Niniwe
1:9–2:2
9Apa karepmu nglawan marang Sang Yehuwah iku?
Panjenengane bakal nyirnakake babar pisan;
para mungsuhe ora bakal bisa ngadeg maneh.
10Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan,
bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.
11Saka ing sira rak jumedhul
wong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah,
sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta?
12Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:
“Sanadyan wong-wong iku wutuh lan akeh banget cacahe,
ewasamono bakal padha sirna kababatan lan mati.
Sanadyan Ingsun wus ngesorake sira,
nanging sira ora bakal Sunesorake maneh.
13Saiki Ingsun bakal mutung pasangane kang ngebot-eboti sira,
lan Ingsun bakal medhoti blenggu-blenggu kang mbanda sira.”
14Tumrap kowe, Pangeran Yehuwah ngandika mangkene:
“Ora ana turun kang bakal nganggo jenengira maneh;
sakehe recanira ukiran lan cor-coran
bakal padha Sunsirnakake saka ing papane allahira.
Ingsun bakal nyawisake kuburanira, awit sira iku asor.”
15 # Ye 52:7 Delengen! Ing gunung-gunung
ana wong kang lumaku lan nggawa pawarta,
kang martakake kabar tentrem-rahayu.
He Yehuda, dinamu gedhe riyayakna,
punagimu tetepana!
Amarga wong dursila ora bakal
teka lan nempuh marang kowe maneh;
awit wus katumpes babar pisan!

Currently Selected:

NAHUM 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy