YouVersion Logo
Search Icon

HOSEA 1

1
Bebuka
1:1
1 # 2Ra 14:23–15:7, 15:32–16:20, 18:1–20:21; 2Bb 26:1–32:33 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Hosea bin Beeri, nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, sarta nalika jamane Sang Prabu Yerobeam bin Yoas, ratu ing Israel.
Brayate Nabi Hosea minangka gegambaran tumrap Israel kang ora setya
1:2-9
2Iki wiwitaning pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hosea; dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Hosea: “Sira lungaa, rabia karo sawijining wong wadon tuna-susila, sarta darbea anak-anak turune wong wadon tuna-susila, awitdene tanah iki banget anggone laku bedhang sarta nyingkur marang Pangeran Yehuwah.” 3Nabi Hosea banjur tindak ngalap garwa Gomer anake Diblaim; wong wadon mau tumuli ngandheg lan banjur duwe anak lanang karo Nabi Hosea. 4#2Ra 10:11Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Yizreel, awit sadhela engkas Ingsun bakal ngukum kulawargane Yehu, marga utang getih ing Yizreel lan Ingsun bakal mungkasi karajan Israel. 5Ing wektu iku gandhewane Israel bakal Ingsun putung ana ing lebak Yizreel.”
6Wong wadon mau nuli ngandheg maneh sarta banjur duwe anak wadon; Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Hosea: “Bayine jenengna Lo-Rukhama, awit turune Israel bakal ora Sunwelasi maneh, lan babar pisan ora bakal Sunapura. 7Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.” 8Lo-Rukhama mau bareng wus disapih, wong wadon mau banjur ngandheg maneh lan duwe anak lanang. 9Gusti Allah banjur ngandika: “Iku jenengna: Lo-Ami, awitdene sira kabeh iku dudu umatingSun, lan Ingsun dudu Allahira.”
Janji bab kaslametan
1:10-12
10 # Rm 9:26 Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.” 11Karodene turune Yehuda lan turune Israel bakal padha nglumpuk nunggal sagolongan, sarta bakal ngangkat wong siji kadadekake pemimpine, banjur bakal ngejegi nagara iki, marga dinane Yizreel iku bakal elok kaanane. 12Para sadulurira lanang padha sira kandhanana: “Ami!”, lan marang sadulurira wadon: “Rukhama!”

Currently Selected:

HOSEA 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy