YouVersion Logo
Search Icon

ESTER 1

1
Sang Prameswari Wasti katundhung
1:1-22
1 # Ez 4:6 Nalika jamane Sang Prabu Ahasyweros – yaiku Sang Prabu Ahasyweros kang ngratoni tlatah satus pitulikur, wiwit saka ing Indhia tutug ing Etiopia – 2ing jaman samana nalika Sang Prabu Ahasyweros lenggah ing dhamparing kaprabone ana ing beteng kadhatone ing Susan, 3nalika ing taun kang kaping telune paprentahane, Sang Prabu mangun bujana kalawan nimbali sakehing para panggedhe lan punggawa kabeh; wadya-bala ing tanah Persia lan Media, para priyagung lan panggedhening dhaerah padha pepak andher ana ing ngarsane. 4Ing kono Sang Prabu mamerake kasugihaning karajane kang mulya, kaendahaning kaluhurane kang sumunar, pirang-pirang dina suwene, nganti satus wolung puluh dina.
5Bareng wus tekan samono mau Sang Prabu tumuli ngawontenake bujana maneh kanggo sakehing para kawula kang ana ing beteng kadhaton ing Susan, para priyagung dalah para wong cilik, suwene pitung dina, ana ing plataraning patamanan kadhaton. 6Langsene lena, mori alus lan kain wungu tuwa, kang tinalenan lena alus lan kain wungu enom, cumanthel ing gelangan salaka ing saka-saka marmer putih, sarta kanthil kancana lan salaka kaprenahake ing jrambah marmer, marmer putih, giwang lan marmer mancawarna. 7Pangunjukan kaladekake ana ing tuwung kancana kang mawarna-warna, lan anggure anggur pangunjukane Sang Prabu, nganti turah-turah, kang pantes tumrap ing ratu. 8Dene carane ngombe iku: ora peksan, awit dhawuhe Sang Prabu sakehing para abdi dalem ing kadhaton kakarsakake manut sakarepe sawiji-wijining wong.
9Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros. 10Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas, 11padha kadhawuhan nyowanake Sang Prameswari Wasti mau marang ing ngarsa dalem kalawan ngagem makuthaning kaprabon, supaya mamerna kaendahaning warnane marang para kawula lan para panggedhe, amarga Sang Prameswari iku endah banget warnane. 12Nanging Sang Prameswari mopo sowan ngestokake timbalan dalem kang kaaturake dening priyayi kadhaton mau, temah Sang Prabu duka banget nganti mangar-mangar pasuryane. 13Sang Prabu tumuli ndangu marang para wicaksana, kang ngreti adat-tata-cara ing jaman samana, – ujer kaya kaya mangkono iku lumrahe, sabarang prakara kang magepokan karo Sang Nata iku karembug dening sakehing para ahli angger-angger lan pangadilan; 14dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan – pandangune Sang Prabu: 15“Awewaton undhang-undhang Sang Prameswari wajib kapatrapan apa, amarga ora ngestokake marang timbalane Sang Prabu Ahasyweros, kang kaaturake dening para priyayi kadhaton.” 16Sang Memukan banjur matur ana ing ngarsane Sang Prabu lan para panggedhe: “Sang Prameswari Wasti anggenipun kagungan kalepatan punika boten namung dhumateng Sang Prabu kemawon, nanging ugi dhateng sakathahipun para pangageng sarta dhateng sakathahipun para bangsa, ingkang wonten ing tlatah wewengkonipun Sang Prabu Ahasyweros sadaya. 17Amargi tindak-tandukipun Sang Prameswari punika badhe sumebar nular dhateng sakathahipun para wanita, temahan sami nyamah dhateng kakungipun, manawi kepireng makaten: Sang Prabu Ahasyweros dhawuh supaya Sang Prameswari kasowanake ing ngarsane, nanging Sang Prameswari ora karsa sowan. 18Ing dinten punika semahipun para pangageng ing Persia kaliyan ing Media ingkang sami mireng bab tindak-tandukipun Sang Prameswari punika wau, mesthi sami reraosan bab punika kaliyan semahipun, temahan badhe nuwuhaken raos ngremehaken saha kanepson ingkang boten wonten telas-telasipun. 19Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun. 20Manawi putusanipun Sang Prabu ingkang makaten punika sampun kepireng ing satlatahipun karajan dalem – mangka ageng sanget karajan punika – mesthi sakathahipun para wanita sami badhe ngaosi kakungipun, wiwit ingkang ageng ngantos dumugi ingkang alit.”
21Atur kang mangkono iku kagalih prayoga dening Sang Prabu sarta dening para panggedhe, dadine Sang Prabu banjur tumindak laras karo ature Sang Memukan mau. 22Sang Prabu nuli paring dhawuh kakintunake marang sakehing tlatah wewengkon dalem, saben tlatah nganggo tulisane dhewe, tuwin saben bangsa nganggo basane dhewe, surasane: “Saben wong lanang kudu dadi sesirahing brayate dhewe, sarta calathu miturut basaning bangsane.”

Currently Selected:

ESTER 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy