YouVersion Logo
Search Icon

MATEUS 3

3
Nabi Yokanan Pambaptis
3:1-12
Mk 1:1-8; Lk 3:3-9, 15-17; Yo 1:19-28
1Ing nalika samana Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudea, nggelarake piwulang, pangandikane: 2#Mt 4:17; Mk 1:15“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!” 3#Ye 40:3Dene satemene iya Nabi Yokanan iku kang kapangandikakake dening Nabi Yesaya mangkene: “Ana swara kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangeran, lurung-lurunge padha lencengna.” 4#2Ra 1:8Nabi Yokanan iku pangagemane kang kagawe wulu unta, sarta apaningset walulang; kang kadhahar walang lan madu alas. 5Banjur diparani dening wong-wong saka ing kutha Yerusalem, saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing wewengkon sakiwatengene bengawan Yarden. 6Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden kalawan ngakoni dosane.
7Nanging bareng Nabi Yokanan mirsa wong Farisi lan wong Saduki akeh kang padha teka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani mangkene: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal teka? 8Yen mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat. 9#Yo 8:33Lan aja padha duwe pikiran mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo trahe Rama Abraham. 10#Mt 7:19Karodene wadung wus cumawis ing poking wit-witan; saben wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan kacemplungake ing geni. 11Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni. 12Panjenengane wus ngasta tampah; panutone bakal diresiki nganti tapis sarta gandume bakal diklumpukake ing lumbung, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”
Gusti Yesus dibaptis Nabi Yokanan
3:13-17
Mk 1:9-11; Lk 3:21-22; Yo 1:32-34
13Nalika samana Gusti Yesus saka ing tanah Galilea rawuh ing bengawan Yarden murugi Nabi Yokanan, karsane supaya dibaptisa. 14Nanging nabi Yokanan menggak, unjuke: “Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka ngrawuhi kawula.” 15Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah. 16Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane. 17#Pd 22:2; Ms 2:7; Ye 42:1; Mt 12:18, 17:5; Lk 9:35Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”

Currently Selected:

MATEUS 3: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy