YOEL 1
1
Bebuka
1:1
1Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Yoel bin Petuel.
Wewelak walang minangka paukuman
1:2–2:11
2He, para tuwa-tuwa, padha ngrungokna,
he, para wong isine nagara, padha nilingna!
Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmu
apa tau ana lelakon kang kaya mangkene iki?
3Anak-anakmu padha critanana lelakon iku,
nuli anak-anakmu genten konen nyritakake marang anak-anake,
lan putumu iya nyritanana marang turune
4Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan,
lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat,
sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha.
5He, para wong mendem, tangia lan nangisa!
He, para wong kang karem anggur, marga saka anggur anyar, padha ngadhuh-adhuha,
amarga anggur iku wus dirampas saka ing cangkemmu.
6 #
Wy 9:8
Dene ana bangsa kang nglurugi nagaraku,
bangsa kang kuwat lan tanpa wilangan cacahe,
untune kaya untu singa,
lan siyunge kaya siyung singa wadon.
7Witku anggur padha karusak,
lan witku anjir padha dikethoki,
dikletheki lan dirubuhake,
sarta pang-pange padha dadi putih.
8Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor,
marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom.
9Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilang
saka ing padalemane Sang Yehuwah;
para abdine Pangeran Yehuwah,
yaiku para imam, padha susah.
10Pategalan wus rusak,
bumi ngenes,
awit gandume wus sirna
anggure wus garing,
lengane wus nipis.
11Para wong tani padha kisinan,
para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh,
marga saka gandum lan sair,
awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh.
12Wite anggur wus garing
lan wite anjir wus alum,
mangkono uga wite delima,
wite kurma lan wite apel,
sarupane wit ing ara-ara wus padha garing.
Sanyata, kabungahan sirna
oncat saka para anaking manungsa.
13He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata,
he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha,
he, para abdine Gusti Allahku,
padha lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor,
dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatan
kurban dhaharan lan kurban unjukan.
14Padha ngundhangna puwasa kang suci,
nganakna parepatan agung,
nglumpukna para tuwa-tuwa,
dalah sakehe wong isine nagara
ana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmu
lan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah.
15 #
Ye 13:6
Adhuh bilai dina iku,
dene nyata wus chedak dinane Pangeran Yahuwah,
tekane awujud karusakan saka Kang Mahakwasa.
16Ing ngarepe mripat kita,
rak wus sirna sakehe pangan,
kabungahan lan surak-surak
saka ing padalemane Gusti Allah kita?
17Winih-winih padha garing ana ing jero lemah,
lumbung-lumbung wus padha resik gusis,
gudhang-gudhang wus padha ambruk
marga gandume wus entek.
18Kaya apa panjeriting kewan-kewan,
pepanthan sapi padha bingung,
marga wus ora ana pangonan maneh,
uga wedhus-wedhuse padha kontrang-kantring.
19Dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang kawula sambati,
awit pangenan ing ara-ara,
sampun kamangsa ing latu ngantos telas.
Urubing latu sampun nggosongaken
sakathahing wit-witan ing ara-ara.
20Dalasan sato-kewan ing ara-ara
ugi sami sesambat dhateng Paduka,
margi lepen-lepen sampun sami asat,
sarta pangenan ing ara-ara
sampun kamangsa dening latu.
Currently Selected:
YOEL 1: JAV
Highlight
Share
Copy
Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.