YouVersion Logo
Search Icon

PURWANING DUMADI 22

22
Pracayane Rama Abraham kacoba
22:1-19
1 # Ib 11:17-19 Kacarita sawuse lelakon mau Gusti Allah karsa nyobi marang Rama Abraham. Pangandikane mangkene: “Abraham.” Unjuk wangsulane Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula.” 2Dhawuhe Gusti Allah: “Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawe kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahake marang sira.” 3Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine, mbekta abdine loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhake dening Gusti Allah. 4Bareng telung dinane Rama Abraham tumenga lan mirsa panggonane saka kadohan; 5banjur ngandika marang abdine loro: “Kowe karo kuldine padha karia ana ing kene, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawuse iku aku bakal padha mbaleni kowe maneh.” 6Rama Abraham tumuli mundhut kayune kurban obaran diemotake marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakarone padha tindak sesarengan. 7Iskak banjur matur marang kang rama: “Rama!” Paring wangsulane Rama Abraham: “Ana apa ngger, anakku?” Ature kang putra: “Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempe ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?” 8Rama Abraham mangsuli pangandikane: “Mungguh cempe kang bakal kagawe kurban obaran iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani, anakku ngger!” Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.
9 # Yb 2:21 Sawuse padha tekan ing papan kang kadhawuhake dening Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayune banjur ditata, kang putra Iskak ditaleni sarta ditumpangake ing misbyah ing sadhuwure kayu. 10Rama Abraham tumuli mulung astane ngasta lading, karsa nyembeleh kang putra.
11Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhe: “Abraham! Abraham!” Unjuke Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula!” 12Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.” 13Nalika Rama Abraham noleh, tumuli mirsa ing wingkinge ana wedhus gembel lanang kang sungune kecanthol ana ing grumbulan, banjur dipurugi dipundhut sarta banjur disaosake kagawe kurban obaran ijole kang putra. 14Panggonan iku kawastanan dening Rama Abraham: “Sang Yehuwah kang nyadhiyani.” Awit saka iku nganti saprene ana tetembungan: “Ana ing gununge Sang Yehuwah bakal disadhiyani.”
15Sang Malaekate Yehuwah nguwuh marang Rama Abraham saka ing akasa kaping pindhone, 16#Ib 6:13-14, 11:12pangandikane: “Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahake anakira ontang-anting marang Ingsun, 17mulane sira bakal Sunberkahi nganti luber lan turunira bakal Suntangkar-tangkarake cacahe nganti kaya lintang ing langit lan kaya wedhi ing pinggir segara, sarta turunira bakal ngebeki gapurane mungsuhe. 18#PR 3:25; Gl 3:16Karodene marga saka turunira iku sakehe para bangsa ing bumi bakal padha binerkahan; marga sira wus ngestokake dhawuhingSun.” 19Rama Abraham nuli tindak mbaleni abdine, tumuli padha budhal bebarengan menyang ing Bersyeba, lan Rama Abraham banjur dedalem ana ing Bersyeba.
Tedhak-turune Nahor
22:20-24
20Kacarita sawuse lelakon iku mau, Rama Abraham nampeni pawarta mangkene: “Kauningana Milka sampun gadhah anak jaler patutan kaliyan sadherek panjenengan Nahor. 21Ingkang pambajeng Us, adhinipun Bus, lajeng Kemuel, bapakipun Aram, 22ugi Khesed, Hazo, Pildasy, Yidlaf lan Betuel.” 23Betuel anak-anak Ribkah. Wolu iku kabeh anake Milka patutan karo Nahor. 24Dene selire kang jenenge Reuma uga duwe anak, yaiku Tebah, Gaham, Tahasy lan Maakha.

Currently Selected:

PURWANING DUMADI 22: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy