YouVersion Logo
Search Icon

EZRA 1

1
Prabu Koresy maringi palilah marang para wong buwangan mulih menyang ing nagarane
1:1-11
1 # 2Bb 36:22-23 # Ym 25:11, 29:10 Nalika taun kapisan jumenenge Prabu Koresy, ratu ing nagara Persia, supaya katetepana pangandika kang kalairake dening Nabi Yeremia, Sang Yehuwah ngosikake panggalihe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia mau, temahan panjenengane nuli ngundhangake ing saindenging karajane Prabu Koresy kalawan lesan lan katulis: 2#Ye 44:28“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda. 3Sapa wong panunggalanira kang kagolong umate, iku ditunggalake dening Allahe! Iku mangkata mulih menyang ing Yerusalem kang ana ing tanah Yehuda, lan yasaa padalemane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, yaiku Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem. 4Dene sapa-sapaa kang isih kari, ana ing ngendi-endia bae anggone neneka, iku dibiyantonana dening wong kang manggon tunggal sapanggonan selaka lan emas tuwin dandanan apadene kewan, karo maneh kang rupa pisungsung manasuka kanggo padalemane Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem.”
5Ing kono para panggedhene darah yehuda lan Benyamin sarta para imam lan para wong Lewi, yaiku saben wong kang katetangi krekating atine dening Gusti Allah, supaya mangkat, banjur padha budhalan, arep mbangun padalemane Sang Yehuwah kang akedhaton ana ing Yerusalem. 6Dene sakehing tangga teparone padha mbiyantu piranti selaka tuwin emas lan rajabrana sarta kewan, apadene kang peni-peni, iku kejaba apa kang kapisungsungake kalawan manasuka.
7Sang Prabu Koresy uga dhawuh ngwedalake pirantine padalemane Sang Yehuwah kang wus dijarah dening Sang Prabu Nebukadnezar saka ing Yerusalem lan diselehake ana ing kabuyutane allahe. 8Prabu Koresy ratu ing Persia mau anggone ngwedalake iku dipanggedheni dening Sang Mitredat, wedana gedhong kraton, kang nacahake iku kabeh ana ing ngarsane Sang Sesbazar, panggedhene bangsa Yehuda.
9Iki pratelane: bokor mas telung puluh, bokor selaka sewu, lading sangalikur, 10tuwung mas telung puluh, tuwung selaka patang atus sepuluh, piranti liya-liyane sewu. 11Sakehing piranti mas lan selaka iku gunggunge limang ewu patang atus.
Iku kabeh digawa Sesbazar, nalika para wong buwangan mau padha kairid mulih saka ing tanah Babil menyang ing Yerusalem.

Currently Selected:

EZRA 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy