YouVersion Logo
Search Icon

II TIMOTEUS 1

1
Salam
1:1-2
1Saka Paulus, rasule Gusti Kristus Yesus kang awit saka karsaning Allah, supaya martakake prasetyan bab urip ing sajrone Gusti Kristus, 2#PR 16:1marang Timoteus, anakku kang kinasih: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, nunggila ing kowe.
Pamuji sokur lan pitutur supaya tumemen
1:3-18
3Aku saos sokur marang Gusti Allah, kang dakladosi kalawan rumangsaning ati kang resik, kaya kang dilakoni dening para leluhurku. Sarta sajroning panyuwunku aku tansah eling marang kowe, rina wengi. 4Lan manawa aku kelingan marang anggonmu ngruntuhake luh, aku banjur kapengin ndeleng kowe maneh, supaya aku kapenuhana ing kabungahan. 5#PR 16:1Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya kang biyen wus dumunung ana ing embahmu Lois lan ibumu Eunike apadene kang manut keyakinanku uga dumunung ana ing kowe. 6Iya marga saka iku kowe dakelingake supaya kowe nggrengsengake sih-peparinging Allah kang ana ing kowe sarana daktumpangi tanganku. 7Awit kang diparingake dening Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulake kakuwatan, katresnan lan katertiban. 8Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gusti kita sarta aja isin marga saka aku, kang dadi wong ukuman marga saka Panjenengane, nanging melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan kakuwataning Allah, 9kang paring karahayon marang kita lan nimbali kita kalawan timbalan kang suci, ora adhedhasar panggawe kita, nanging adhedhasar karsa lan sih-rahmate piyambak, kang wus kaparingake marang kita ing sajroning Sang Kristus Yesus ing sadurunge purwaning jaman. 10Sarta kang saiki kawujudake ana ing rawuhe Sang Juruwilujeng kita Gusti Yesus Kristus kang wus nyirnakake pati sarta nggiyarake urip kang ora bisa rusak. 11#1Tm 2:7Iya Injil iki kang netepake aku dadi juru pawarta, dadi rasul lan dadi guru. 12Iya iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh,#1:12 inggih punika anggenipun kakunjara wonten ing Rum. nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku#1:12 piwulang adhedhasar Injil, utawi karahayon. nganti tumeka ing Dinaning Pangeran. 13Apa kang wus kokrungu saka aku iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener-becik lan lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Sang Kristus Yesus. 14Rajabrana kang endah, kang wus dipitayakake dening Panjenengane marang kita#1:14 piwulang adhedhasar Injil, katandhinga kalayan 1Tm 6:20. iku reksanen kalawan Roh Suci, kang dedalem ana ing kita. 15Kowe wis sumurup, manawa wong-wong ing tlatah Asia-Cilik iku padha nyingkur marang aku; kalebu Figelus lan Hermogenes. 16Muga Gusti karsaa paring sih-rahmate marang brayat Onesiforus, kang wus bola-bali gawe segering atiku. Dheweke ora isin niliki aku menyang ing pakunjaran. 17Nalika ana ing kutha Rum, dheweke ngudi nggoleki aku lan iya wis bisa ketemu karo aku. 18Muga Gusti karsa maringake sih-rahmate marang dheweke mbesuk ing dinane. Kaya apa anggone leladi ana ing Efesus iku kowe luwih mangreti tinimbang aku.

Currently Selected:

II TIMOTEUS 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy