YouVersion Logo
Search Icon

II PARA RAJA 2

2
Nabi Elia minggah ing swarga
2:1-18
1Kacarita nalika Nabi Elia bakal kasengkakake menyang ing swarga dening Pangeran Yehuwah ing satengahe lesus, Nabi Elia mau pinuju tindak saka ing Gilgal kadherekake dening Elisa. 2Nabi Elia ngandika marang Elisa: “Kowe keria ing kene, sabab Pangeran Yehuwah ngutus aku menyang Betel.” Nanging Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Dadine banjur padha tindak menyang Betel. 3Ing nalika samana nuli ana nabi ing Betel sapantha kang padha methukake Elisa sarta padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih ing dinten punika bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Sang Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wus mangreti, padha menenga bae!” 4Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “He Elisa, kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang Yerikho.” Nanging atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak, kula temtu boten badhe nilar panjenengan.” Mangkono tindake wus padha rawuh ing Yerikho. 5Ing nalika iku ana nabi ing Yerikho sapantha kang padha nyedhaki Elisa lan padha pratela: “Punapa panjenengan sampun mirsa, bilih bendara panjenengan badhe kapulung dhateng swarga dening Pangeran Yehuwah?” Wangsulane: “Aku iya wis ngreti, padha menenga bae!”
6Nabi Elia banjur ngandika marang Elisa: “Kowe keria ana ing kene, sabab aku kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah menyang ing bengawan Yarden.” Atur wangsulane: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, saha dhemi gesang panjenengan piyambak kula saestu boten badhe nilar panjenengan.” Banjur padha nglajengake tindake. 7Pepanthan nabi mau ana seket kang padha ndherekake, nanging tumuli padha mung ngadeg lan ngawasake saka ing kadohan bae, nalika kekalihe padha jumeneng ing sapinggire bengawan Yarden. 8Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan. 9#PT 21:17Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.” 10Pangandikane Nabi Elia: “Kang kokjaluk iku prakara kang angel. Nanging manawa kowe bisa ndeleng anggonku kapulung saka ing ngarepmu, kowe mesthi bakal kelakon kaya mangkono, dene manawa ora, iya bakal ora kelakon.” 11Nalika lagi padha nglajengake tindake kalawan ngandika, dumadakan ana kareta murub, tinarik ing jaran murub kang misah kekalihe, Nabi Elia banjur minggah ing swarga ana ing satengahing lesus. 12#2Ra 13:14Nalika Elisa ndeleng kang mangkono iku, nuli nguwuh: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretaning Israel dalah para tiyangipun ingkang sami numpak kapal!” Sawuse mangkono banjur wus ora ketingal maneh marang Elisa. Elisa tumuli nyandhak panganggone lan disuwek dadi loro, 13sarta banjur ngukup ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba tuwin nuli mangkat mulih lan ngadeg ana ing sapinggire bengawan Yarden. 14Ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba mau tumuli dicandhak tuwin disabetake ing banyu kalawan nguwuh: “Endi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Rama Elia?” Bareng banyune kasabet banjur piyak ngiwa nengen, Elisa banjur nyabrang. 15Nalika pepanthan nabi saka ing Yerikho ndeleng Nabi Elisa saka ing kadohan, tumuli padha ngucap: “Elisa wus kadunungan rohe Nabi Elia!” Wong-wong mau banjur padha sowan marang ing ngarsane sarta padha sumungkem ing bumi, 16kalawan matur: “Sumangga kula aturi mirsani. Panunggilanipun para ingkang abdi punika wonten tiyang jaler seket ingkang kendel-kendel. Tiyang-tiyang punika kajengipun sami kesah ngupadosi bendara panjenengan, mangke panjenenganipun gek dipun angkat dening Rohipun Sang Yehuwah lajeng kauncalaken dhateng ing nginggiling salah satunggalipun redi utawa dhateng salah satunggaling lembah.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aja padha kongkonan!” 17Nanging bareng padha adreng panyuwune nganti ndadekake lingsem, Nabi Elisa nuli ngandika: “Iya wis padha kongkonana!” Tumuli padha kongkonan wong seket. Wong iku padha nggoleki nganti telung dina suwene, nanging ora ketemu. 18Bareng padha bali menyang ing ngarsane Nabi Elisa, kang isih lereb ana ing kutha Yerikho, padha dipangandikani mangkene: “Aku rak wus kandha: Aja padha mangkat!”
Nabi Elisa damel tawaning banyu ing Yerikho
2:19-22
19Wong kang manggon ing kutha kono nuli padha matur marang Nabi Elisa: “Sumangga kula aturi mirsani! Kitha punika dunungipun sae, kados ingkang kapirsanan dening bendara kula, nanging toyanipun boten sae tuwin ing nagari punika asring wonten bayi ingkang lair keluron!” 20Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aku jupukna pinggan anyar, iku isenana uyah.” Iku iya nuli dicaosake. 21Nabi Elisa banjur tindak menyang ing etuking banyu, tumuli dicemplungi uyah mau kalawan ngandika: “Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Banyu iki wus Sundadekake tawa, sarta bakal ora kelakon maneh ana kang mati utawa bayi kang lair keluron marga saka iku.” 22Temahan banyune dadi tawa nganti ing dina iki nocogi pangandika kang wus kawedharake dening Nabi Elisa mau.
Bocah-bocah ing Betel padha moyoki Nabi Elisa
2:23-25
23Nabi Elisa tumuli tindak saka ing kono menyang ing Betel. Nalika panjenengane tindak minggah, ana bocah-bocah kang padha metu saka ing kutha kono kang banjur padha moyoki panjenengane kalawan nguwuh: “He buthak, munggaha; munggaha, he buthak!” 24Nabi Elisa banjur mengo, lan bareng mirsa bocah-bocah mau, banjur padha diipati-ipati dhemi asmaning Pangeran Yehuwah. Tumuli ana bruwang loro kang metu saka ing alas, kang nyempal-nyempal panunggalane bocah-bocah mau patang puluh loro. 25Saka ing kono Nabi Elisa banjur tindak menyang ing gunung Karmel lan saka ing kono wangsul menyang ing Samaria.

Currently Selected:

II PARA RAJA 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy