“He, anaking manungsa, sira madhepa ngener marang Gog ing tanah Magog, yaiku maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal tuwin medhara wangsit nglawan dheweke, sira tutura: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal dadi mungsuhira, he, Gog maharaja ing nagara Mesekh lan Tubal.