Aku banjur medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku; lan bareng aku wus mendhar wangsit, padha sanalika tumuli ana swara keprungu, swara pating kropyak, lah balung-balung mau padha ngumpul. Sajrone aku ngawasake iku, lah aku nuli ndeleng otot-otot lan daging kang tumuwuh ing balung-balung mau, sawuse mangkono banjur katutupan ing kulit, nanging durung padha ambekan.