Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:
“Lah bakal tumeka ing titi-mangsane,
wong mluku bakal ana ing burine wong ani-ani,
wong kang mipit woh anggur lan kang nyebar wiji;
gunung-gunung padha netesake anggur anyar,
sarta tengger-tengger bakal kabanjiran.
UmatingSun Israel bakal Sunpulihake maneh,
nuli padha mbangun maneh kutha-kuthane kang wus gempur sarta banjur dienggoni;
bakal padha nanduri pakebonane anggur,
sarta bakal ngombe anggure,
lan bakal padha gawe kebon woh-wohan lan mangan wohe.